alhamdulillah, sekarang dusun ku tambah maju lagi, kemarin (minggu 22-8-2010) diadakan kerja bakti pengerasan lapangan bulu tangkis, bertepat di depan rumahnya mbah mardi. Sebenarnya sebelumnya memang sudah ada tapi karena baru beralaskan tanah, alhamdullilah sekarang sudah di cor.
Terimakasih, kami ucapkan atas donatur dari saudara2 kami yang ada di perantauan. berkat mereka kini terwujud lapangan yang baik, semoga menjadikan bibit2 unggul pem-bulutangkis dusun mantren. dan selalu jaya. amin.
Minggu, 22 Agustus 2010
Minggu, 08 Agustus 2010
Lomba 17 Agustus + Rengrengan Bp Sukasno
bp Sukasno Uneg-Uneg
Gendera abang putih kumlebet ngawe-awe ing akasa sak dawane dalan-dalan lan gang-gang bisaa rumangsa, aja rumangsa bisa ngelingake kita kabeh marang leluhure nalika prang tandhing karo bangsa manca congkah ludira tekaning pati. Mijile bayi merdika ing pangkone Njeng Pertiwi cahyane sumunar anelahi gung ing pancere zamrut khatulistiwa, banteng jurit kang wus anuraga samya suminggah . Jatraning sujarah trus lumaku tan rinasa wisaning panggodha wiwit kumrembyah analusup mrana-mrene datan katon lumebu pra ambeg ing nesta banaspati, engklek-engklek balung atandhak jejogetan padha surak wawaruhan. Kalambangan wong anyabrang prapteng tengah tempuh saka bantere kang bena yaiku gapura sapta ngesti aji keh jalma nandang rekasa kang pralaya.
Kamardikan kang wus kita rungkepi uruna mring nusa nadyan dudu bulu bekti prayogane melu njaga, yakawi sepisan rumeksa raharjaning praja bumi pertiwi, kaping pindha ngayomi para wiku pandhita resi ulama kang padha ulah pudya mesubrata, kaping telu tresna ing bangsa lan welas asih mring kawula dasih, kaping papat setya tuhu ing janji netepi sabda kang wus mawedhar , kaping lima tunduk ing bener adhedasar adil. Saben-saben pengetan dina kamardikan Negara Republik Indonesia, ing ngendi-endi papan hamung suka parisuka, kamangka sing luwih becih bisaa dedonga marang leluhure sak-bisa-bisa antuk kamulyan ana ing alam loka. Umpamane orahraga lan olah seni, panjat pinang, balapan karung, nyekel welut, joget, nyanyi, bal-balan lan liya-liyane, sing ana gandheng cenenge karo ketrampilan iku mau mung wujud sarana gawe rame gawe seneng lan gayeng.
Kajaba kanggo ngregengake swasana uga kanggo ngembangake bakat, parigelan, sarta nyawijekake rasa paseduluraning warga. Ing taun iki wiyosan 65 tahun ari kamardikan ing gang-gang panggonane ora prabeda karo taun-taun kapungkur, ning ari kamardikan tahun 2010 iki ngepasi ari pasa ramadhan tumrape umat Islam wong sak donya, mula saka iku ngepasi ari kamardikan dijaluk bisaa mupus apa sejatine kamardikan mau, ora saega mung seneng-seneng , bisaa nggayuh kawibawan bangsa Indonesia kanti rukun crah agawe bubrah, kanthi dasar tentrem hayem hangayomi mong kinemong sakpadane kanthi bebarengan mrastasi gawe manunggal cipta rasa karsa lan karyane tansah temen-temen lan tumemen bangsa Indonesia bisa gemah ripah loh jinawi.
Kayadene lomba babalan wong lanang nganggo rok katone lucu, nanging dinulu pancen ora ndhidhik lan malah kayadene kepara saru. Ing tlatah Desa Mantren Manyaran pengetan kamardikan ing tahun iki dianakake lomba maca trampil hurup jawa kanggo bocah-bocah, pinangka kanggo wulangan basa daerah, pancen wis mrihatinake banget, awit wulangan ing bangku sekolah jroning seminggu mung rong jam pelajaran, mula lomba kasebut idhep-idhep kanggo ajang gegladhen.
Tenan sawise para panitya lan jurine pada siyaga jebul ya tenan mrihatinake,bisa nguyu kepingkel-pingkel tenan, jalaran anggone maca bocah-bocah maca bahasa jawa ora pati cetha. Kayadene Paino anggone maca kanthi sora “ Suradi raja ya ningrat “ sing nanton pada ger-geran ngguyu, apa ana raja jenenge Suradi, terus rajane ana ngendi? Kamangka sing bener suradira jayaningrat. Terus gilirane Wanti “ Kacang cina cah cilik-cilik “ mak gerr….. sing nanton pada kepingkel-pingkel sing bener kudune kacang cinacah cilik-cilik, gilirane Budi sajak rada suwe anggone maca “ Pak mantuku kethek” lha kok duwe mantu kethek sing bener Pak Man tuku kethek.
Gilirane Beja “ Kang mardika urip raharja “ sing nonton pada keplok, sing bener ya kuwi Ja. Kanthi anane giyaran lomba kasebut, diajab bocah-bocah pada saya sregep sinau maca lan nulis aksara Jawa. Kajaba sarana panglipur uga luwih migunani tumrap putra putri ing bab pasinaon aksara Jawa.
Buni pertiwi Indonesiaa wis kondang gemah ripah loh jinawi , kadyo suwarga , tongkat kayu watu dadi tanduran.
Saben tanggal 17 Agustus kalebu hari raya, marga dina kang kawitan nyl;ametake kita kabeh sang Merah Putih berkibar, sakala bangsa Indonesia pada dadi banteng, kang gagah prakosa kuncara tumekeng ing manca paraja. Mula bangsaku supaya mulyakna kang sasi Agustusan tanggal 17 angesti mumbuling bandera ing angkasa, dipuja-puji supaya lancar berkibar, kumlebet angawe-awe abang putih gendera , wiwit saka bumi tumekaning awang-awang lancar arame iku minangka pralambange aman lan arane taun kang bakal kelakon.
Tumrap Jawa awit kuna-kuna pada nglakoni saben-saben wiyosan gawe peringatan yaiku slametan bubur abang lan putih, dimaksudake kang putih saka Bapa Adam , dene saka Ibu Khawa iku abang, lumantar bapa lan Ibunira, yaiku den arani wahyuningrat tegese wahyu siji, wong sak Indonesia pada ngrenggani.
Pancasila, ya pancadriya kalimia, ya kadang papat kalima pancer, iku diwujudake golong papat kalima bucu (uncet) didunungake kadang kita.
1. Luamah duwe cahya ireng, plawangane ing lesan lenggahe ing waduk, kang ajak ngelak lan ngelih (luwe).
2. Amarah duwe cahya abang, plawangane kuping lenggahe ana ing jantung kang ajak marang kanepson.
3. Supiyah duwe cahya kuning plawangane mripat lenggahe ana ing ati kang ajak marang pepinginan.
4. Mutmainah duwe cahya putih, plawangane irung lenggahe ana ing pok ati kang ajak marang kasucian.
5. Pancer ya sira, bisoa ngereh (ngelisi) kadang 4 ambagusnoa sira ing atinira padang nur cahya kaya dene lintang “Bina Sekti” aja pegat tulung-tinulung gotong royong.
Ing pamrih bangsa Indonesia bisa lanthip adedasar Pancasila Bhinneka Tunggal Ika, kita tansah jaga sakabehing katentreman, ora oncat saka gawe crah agawe mubrahe bangsa kita, tetep winengku Negara kita gemah ripah loh jinawi, katara edi peni lan asri, bisa nurunake marang generasi muda bisa nglanjutake pemangunane lan hayu-hayuning bangsa lan Negara Indonesia, jaja-jawa wijayanti , hayu-hayu rahayu. SKM 2010.

Langganan:
Postingan (Atom)